Dadiya uninga para kanca
Nalika para winasis jaman kawuri
Wis paring pirang pirang piwulang
Tembung Aja dumeh iku ngemu piweling
Kita sedaya ing marcapada mung titah sawentah
Mila ora pareng ngagul agulke
Kabeh rupa kaluwiyan
Dadiya uninga nalika ana perangan dhuwur
Kita bakal begja mulya, mukti, wibawa lan makmur
Nanging nalika ana ing ngisor
Uripe krasa sengsara, kesrimpet mega, kesandhung bebaya
Dadiya uninga para kanca
Sejatine kabeh lelakon manungsa ing ngalam donya
Lumaku mubeng gilir gumanti kadya rodha panguripan
Kang wis kawentar mubeng kadya cakra manggilingan
Kulon Progo, 23 Mei 2018
Kaanggit dening Barokatussolihah, S.Ag.,M.S.I, salah satunggaling guru wonten ing pawiyatan MTs N 3 Kulonprogo. Geguritan punika sampun kababar wonten ing Antologi Geguritan Weling Sinanggling, Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta.