Geguritan: Cakra Manggilingan

Rina harwati Desember 01, 2018
Rina harwati
Sabtu, 01 Desember 2018

Dadiya uninga para kanca
Nalika para winasis jaman kawuri
Wis paring pirang pirang piwulang
Tembung Aja dumeh iku ngemu piweling
Kita sedaya ing marcapada mung titah sawentah
Mila ora pareng ngagul agulke
Kabeh rupa kaluwiyan

Dadiya uninga nalika ana perangan dhuwur
Kita bakal begja mulya, mukti, wibawa lan makmur
Nanging nalika ana ing ngisor
Uripe krasa sengsara, kesrimpet mega, kesandhung bebaya

Dadiya uninga para kanca
Sejatine kabeh lelakon manungsa ing  ngalam donya
Lumaku mubeng gilir gumanti kadya rodha panguripan
Kang wis kawentar mubeng kadya cakra manggilingan

Kulon Progo, 23 Mei 2018

Kaanggit dening Barokatussolihah, S.Ag.,M.S.I, salah satunggaling guru wonten ing pawiyatan MTs N 3 Kulonprogo. Geguritan punika sampun kababar wonten ing Antologi Geguritan Weling Sinanggling, Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta.

Thanks for reading Geguritan: Cakra Manggilingan | Tags:

Next Article
« Prev Post
Previous Article
Next Post »

Related Posts

Show comments
Hide comments

0 komentar on Geguritan: Cakra Manggilingan

Posting Komentar