Geguritan: Tetep ing Janji

Maret 03, 2018
Sabtu, 03 Maret 2018
Grahamblanchard.com
Dening Budi Priyono

Kadya lakuning para satriya
Tansah memuja marang pradetya
Bebarengan anganthi janji
Sebaya urip sebaya mati

Kidhung asmara ing tengahing wengi
Nambah gregeting rasa angraras lathi
Nadyan mung angen-angen kang dumadi
Nanging wus bisa nambani polahing ati

Lintang-lintang kang dadi seksi
Mekaring ukara rinengga lathi
Manungsa mung bisa nglampahi
Gusti Allah ing paring pepesthi

Angluh sumpyuh rasaning raga
Bareng sliramu tan bisa suwala
Marang kersaning ibu lan bapa
Kaparingake marang satriya liya

Rojah rajeh tatuning manah
Tan bisa selak tan bisa njangkah
Angin sore mau wus bubar ngilang
Nganthi tresnaku kang ambyar sawalang-walang

Kaanggit dening Budi Priyono, S.Pd., salah satunggaling guru wonten ing pawiyatan MAN 3 Bantul, anggota Pergumapi.

Thanks for reading Geguritan: Tetep ing Janji | Tags:

Next Article
« Prev Post
Previous Article
Next Post »

Related Posts

Show comments
Hide comments

0 komentar on Geguritan: Tetep ing Janji

Posting Komentar