Geguritan: Sore Iki

Maret 10, 2018
Sabtu, 10 Maret 2018

Dening Budi Priyono

Sore iki ingsun ngenteni sliramu
Ati iki tansah kapang nyebut asmamu
Anglelela hannggoda rasa ing ati
Kangen lan tresnaku wus tuwuh nyawiji

Sunaring pasuryanmu kang gawe silap
Rinengga endah gondar gandiring netra
Irung mancung idep tumenging tawang
Kasusul esem lathi abangmu kang angujiwat

Ingsun bisa ngerti arum wangine rikmamu
Nadyan katutupan kandeling hijabmu
Dawa ireng menges-menges manglung
Lurus kang saben wektu tansah ginelung

Kulitmu padhang kuning langsat
Aluus teles kaya kali tan bisa asat
Driji mucuk eri endah kasawang
Kapacak ali-ali cilik rupa abang

Ingsun kudu kandha apa maneh kanggo sliramu
Tansah nunggu janji enggal bisa ketemu
Linambaran suaraning ati lan rasa
Kanthi memuja marang kang duwe kuwasa

Dhuuh wong ayu gegantilaning ati
Sore iki wus mlaku sewelas sasi
Wus ra kaetung gunggunging ratri
Ingsun tansah ngreksa sucining janji

Dhuuuh yayi prawan ayu sigaraning sukmaku
Mugya ndang bisa katurutan lara brantaku
Nyandhing sliramu pepujaning jiwa ragaku
Gegandhengan ngupaya manunggaling atimu lan atiku

Thanks for reading Geguritan: Sore Iki | Tags:

Next Article
« Prev Post
Previous Article
Next Post »

Related Posts

Show comments
Hide comments

1 komentar on Geguritan: Sore Iki