Geguritan: Cidra Sulaya

April 07, 2018
Sabtu, 07 April 2018
Dwibcc.com
Dening Budi Priyono

Sliramu lunga ora nganggo kandha
Ilang kumleyang nglarani ati
Sadawane lurung wus ndak takoni
Tanpa ana kang bisa kandha lan crita

Ing pinggir kali Opak iki yayi
Telung tahun kepungkur sliramu mblenjani
Ninggalake rasa lan tresna kang lagi semi
Ajur tan bisa kaukur kabeh dadi wadi

Nanging ing sore iki
Sliramu nyedhak ngampiri
Mesem kanthi nggeget lathi
Kaya bakal bayar janji

Rikma kang ginelung munggah
celana sepupu kaanggo tanpa rasa salah
Kaos gumantung rupa mbang bangah
Swaramu sero gumuyu renyah

Gumreget ati nyawang netramu
Kabeh ilang lara lan cuwaning atiku
Sasar susur amarga gowoking rasaku
Kebak pitakonan kudu antuk jawabanmu

Nanging atiku saiki padhang temrawang
Crita lelakonmu kabur kanginan kumleyang
Tanpa aji kabeh kang padha nyawang
Peteng ndhedhet ina kang sinandhang

Ingsun njaluk pangapuramu
Amarga ora bisa ngladeni pamintamu
Gusti kang akarya jagad paring restu
Kaparingan jodho santri kang ayu

Taman Glugut Wonokromo, 30 maret 2018 Kaanggit dening Budi Priyono, S.Pd., salah satunggaling guru wonten ing pawiyatan MAN 3 Bantul, anggota Pergumapi.

Thanks for reading Geguritan: Cidra Sulaya | Tags:

Next Article
« Prev Post
Previous Article
Next Post »

Related Posts

Show comments
Hide comments

0 komentar on Geguritan: Cidra Sulaya

Posting Komentar