Geguritan: Bapa lan Ibu Guru

Maret 03, 2018
Sabtu, 03 Maret 2018
Dreamstime.com
Dening Sri Rejeki Wahyuningsih

Linambaran ratri
Linambaran cahyaning  bagaskara
Dina lumaku, tan rinasa ....

Iki titi wancine
Mesti  kudu ikhlas,
Pisah klawan  bapa lan Ibu Guruku  kang kebak welas
Pisah Klawan rencang – rencangku, kang sinebut mbak apa mas
Klawan rayi - rayiku  kang tansah dak tresnani

Dak toleh, maewu dina  kapungkur
Kudune aku tansah syukur
Awit pepalang lan pedhut sumingkir lan kabur
Awit  anane pawiyatan iki

Bapa lan Ibu Guru
Tresnanmu lir toya ing grojokan sewu
Tanpa winates, supaya aku mituhu
Tanpa winates paring piwulang lan ngelmu,
Upami lintang, kang madangi wengi
Upami bagaskara kang madangi bumi

Nanging Bapa/ ibu Guru
Apa kang wus dak caoske marang sliramu
Duka asring kaprungu
Anjalari  dada mengkap bang mawinga – winga
Nanging aku malah gumujeng lan ngguyu
Apuranen aku, bapa lan Ibu Guru
Awit kalbu kang katutup pedhut kang angel diluru
Awit sakabehing polahku
Awit sakabehing tembungku

Lan... kabeh mau tansah ddi reridu ing kalbu

Bapak lan Ibu Guru Kawula nyuwun donga pangestu
Mugi sakabehing bebendu sumingkir
Mugi sakabehing   karep bisa kawujud
Bapa lan Ibu Guru, aku tresno mring Sliramu

Dipubliikasikan pertama kali di Antologi Geguritan Moksa Raga Wening Cipta (Goresan Pena, 2018).

Thanks for reading Geguritan: Bapa lan Ibu Guru | Tags:

Next Article
« Prev Post
Previous Article
Next Post »

Related Posts

Show comments
Hide comments

0 komentar on Geguritan: Bapa lan Ibu Guru

Posting Komentar